Selasa, 20 Maret 2012

Geguritan (Puisi Bahasa Jawa)

KANGENING SABRANG
(David Hendra M A)

Langit ngringkih Mring mendung anggandhol
Kala-kala bledhek sinaut
Lesus seser hanjejoget

Ana kangen ngimput sumusup sumsum
Nratap saben eling
Amung marang sliramu
Tresna kapendhem kala
Kala mangsa wolung ketiga

Kakang…
Katresnanku kalunta nandang brata
Jumantara tanpa wates
Ing pucuking negari manca

Kanthi tumetes bening luh,
Apa sliramu ngrumangsa iki uga?

Lathi gumrenggeng
Duh Gusti.......

WELCOME to MY SITE!!Thanks for join with me!